Sabtu, 26 Februari 2011

Serat Prajanjen

Ngayogyakarta, 22 Desember 2010

SERAT PRAJANJEN

Nomor : 05.01/N 2010
Hal : Prajanjen
Lampiran : 1 lembar

Inkang tapak asma ing ngandap menika:
 Nama : Budiman
Pedamelan : Pengusaha
Mapan ing : Butuh lor,Triwidadi, Pajangan,Bantul

Minangka pihak: I
Damel prajanjen kaliyan:
Nama : Esawanti
Pedamelan : Buruh
Pidalem ing : Kamijoro, Sendangsari, Pajangan, Bantul

Minangka pihak : II
Pihak I kaliyan II ngawontenaken prajanjen. Wondene isinipun prajanjen inggih menika:
1.Bapak Budiman saguh mbiayahi perawatan rumah sakit Ibu Esawanti minangka pihak ke II kanthi dumugi sakwarasipun.
2.Menawi wonten prakawis ingkang dumados sadangunipun wekdal prajanjen, badhe karampungaken kanthi pasedherekan.
 
Kula,
Pihak II Pihak I
Esawanti Budiman
 
Seksi:
1.Dra.Endang Jumarini  
2.Intan Ayu
 
Pengesahan:
Drs.Budiharjo, SH
 (notaris)

Layang Pribadi

Ibu Joko
Sidokarto, Godean, Sleman
Yogyakarta.

Sembah sungkem,
Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Yogyakarta tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin.
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin.
Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami.

 Yogyakarta, 26 Nopember 2008
 Saking ingkang putra
  

 Bayu Kurniawan

Upacara Sekaten Taun Be 1944

Ngayogyakarta, saben taun Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat tansah ngadani Upacara Sekaten, minangka pahargyan pengetan Maulid utawi miyosipun Kangjeng Nabi Muhammad SAW. Rerangkening lampah Upacara Sekaten ing Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat kawiwitan saking Upacara Miyos Gangsa Sekaten, Ngarsa Dalem nyebar udhik- udhik, waosan risalah Nabi kalajengaken Upacara Kondur Gangsa lan pucakipun Upacara Garebeg Sekaten.  Kados pundi lampah upacara kasebat, sumangga dipun semak palapuranipun.
Upacara Sekaten sampun kawiwitan rikala jaman madegipun Kasultanan Demak Bintara. Pangajab lampahing Upacara Sekaten duking uni mujudaken  sarana dakwah Islam menggahipun para Wali. Rerangkening Sekaten ing Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, kawiwitan saking Upacara Miyos Gangsa Kagungan Dalem Gangsa Sekaten, Kangjeng Kyai Guntur Madu lan Kangjeng Kyai Nagawilaga, ingkang kaboyong miyos saking Bangsal Ponconiti Kraton Ngayogyakarta tumuju dhateng Mesjid Agung Kraton Kasultanan Ngayogyakarta. Ing wewengkon Mesjid Agung, Kangjeng Kyai Guntur Madu, gangsa ingkang langkung sepuh yasan Jaman Sultan Agung Hanyakrakusuma dipun papanaken ing Pagongan Kidul, wondene Kangjeng Kyai Nagawilaga, gangsa ingkang langkung anem yasanipun Sri Sultan Hamengku Buwono I dipun papanaken ing Pagongan Ler.  Lampahing Upacara Miyos Gangsa punika dipun ombyong dening sawetawis Bregada Prajurit Kraton Ngayogyakarta, antawisipun Bregada Prajurit Jagakarya lan Patangpuluh. Wiwit ing dalu kasebat gangsa sekaten lajeng dipun tatab sadangunipun seminggu, dene ingkang ngayahi inggih punika para Abdi Dalem Niyaga Reh Kawedanan Hageng Kridhamardawa.
Miwiti ngrakit gunungan, dinten Minggu paing(13/2), mapan ing Plataran Kemagangan, kanthi binarung ungeling gejog lesung ingkang dipun tindakaken dening Kanca Narakarya Reh Kawedanan Hageng Wahana Sarta Kriya, dipun tindakaken Upacara  Numplak Wajik. Gejog lesung mengku pangajab supados salebeting upacara numplak wajik, ngrakit lan busanani gunungan kalis saking bebaya lan sambekala. Puluhan warga katingal ngestreni Upacara Numplak Wajik, minangka tengara wiwitipun ngrakit gunungan kangge Upacara Garebeg Sekaten tahun 1944 Be ing dinten Rebo kliwon(16/2). Singgul, ingkang rinacik kadosdene parem dumados saking babakan dlingo bengle, mujudaken racikan baku salebeting upacara punika. Singgul dipun luluraken ing dhompal gunungan putri  lan  sisaning singgul sasampunipun numplak.

Selasa, 14 Desember 2010

Mitos Ratu Kidul dadi Pancadan Paprentahan ing Karaton

Kacihna majune teknologi komunikasi lan informasi nuwuhake budaya anyar lan nggawe ”rusake” kabudayan Jawa, ananging wong Jawa tetep ngugemi landhesan urip kang gegayutan kalawan anane titah ora kasat mata.

Landhesan urip kang isih ngugemi anane titah ora kasat mata iki raket gandheng cenenge kalawan kepriye sejatine wong Jawa urip ing donya. Lire, kapercayane wong Jawa ing babagan urip lang panguripan ora bisa uwal saka perangan jagad cilik (mikrokosmos) lan jagad gedhe (makrokosmos), keplase uga gegayutan kalawan alam kasat mata lan alam datan kasat mata. Salah sijine kapercayan kang dikarepake yaiku wong Jawa, mligine kang urip ing tlatah Yogyakarta lan Solo, nganggep lan yakin yen samodra kidul iku awujud karaton kang dikuwasani dening Kangjeng Ratu Kidul. Tumrap wong Jawa kaprah, lire ora duwe pangerten jero babagan filosofi kebatinan Jawa lan uga adoh saka karaton, Kangjeng Ratu Kidul dianggep sawijining titah badan alus kang wujude kayadene manungsa lan nglenggahi dampar keprabon, nyekel pengauwasa ing segara kidul. Lan isih ana panganggep liya kang wusanane mbabar dadi mitos Kangjeng Ratu Kidul.

Ing buku Mitologi Kanjeng Ratu Kidul, anggitane Y Argo Twikromo, weton Nidia Pustaka, 2006, dijlentrehake filosofi-filosofi kang gegayutan kalawan mitos Kangjeng Ratu Kidul. Miturut andharan ing buku iki, mitologi Kangjeng Ratu Kidul pranyata digunakake kanggo pancadan tumrap panguwasa Karaton Kasultanan Ngayogyakarta (lan uga Karaton Surakarta-red) nalika nglakokake paprentahan. Wong Jawa nganggep manawa donya iku isine ana kang asipat wadag, pisik, bisa didulu mata lan donya kang asipat datan kasat mata, alus, ora bisa didulu mata wantah. Ananging ing donyane wong Jawa, kalorone kang asipat kasat mata lan datan kasat mata iku nyawiji dadi siji. Ing nyawijine ngalam kalorone iku kabeh sesambungan kang asipat antarane siji lan sijine padha-padha mbutuhake lan dibutuhake. Wusanane kabeh nggawe alam dadi tumata. Sesambungane manungsa ing alam kodrati (alam nyata, alam kasat mata) ora dibedakake kalawan titah ing alam adikodrati (alam supranatural, alam datan kasat mata).

Yen dipindeng kanthi srana kaca mata antropologis, mitos Kangjeng Ratu Kidul bisa dianggep minangka cultural universal kang disengkuyung dening sawetara laku budaya utawa cultural activities, kayata labuhan, crita rakyat utawa crita Panembahan Senopati, kegiyatan sosial lan kegiatan lelandhesan keyakinan agama lan maneka laku utawa ritual tradhisi liyane. Babagan iku nuduhake lan aweh tuntunan yen yektine kepriye wong Jawa mindeng mitologi Kangjeng Ratu Kidul ora bisa dipisahake saka laku ritual kang ndhasari utawa dadi panjurunge. Laku-laku kang lelandhesan keyakinan ajaran agama kang gegayutan kalawan Kangjeng Ratu Kidul, mujudake gegambaran alam pikiran lan kapercayane wong Jawa. Adhedhasar apa kang diugemi wong Jawa, mitologi Kangjeng Ratu Kidul kang urip ing ngalam pikiran lan kapercayan Jawa, digunakake kanggo sesambungan kalawan alam supranatural. Pangajabe supaya donya iki tetep harmonis, imbang lan tansah kalinton kaslametan lan karahayon. Ing bebrayan Jawa, Kangjeng Ratu Kidul iku ora mung asipat legenda. Tumrap kapercayane saperangan gedhe warga bebrayan Jawa, Kangjeng Ratu Kidul iku ana tenan. Ananging karana anane alam supranatural tumrap wong Jawa ora bisa dijlentrehake, kaprah sinebut suwung awang-awung, ndadekake anane laku-laku kang lelandhesan keyakinan agama kang ancase ngurmati panguwasa alam supranatural, kayadene Kangjeng Ratu Kidul. Ana candhake.

Keyakinan supranatural sarana ngupadi salarase donya saisine

Mitologi Kangjeng Ratu Kidul nuwuhake kapercayan tumrap wong Jawa yen ing segara utawa samodra kidul ana panguwasa kang asipat supranatural, datan kasat mata.

Kapercayan iku bisa didulu saka laku-laku kang asipat lelandhesan keyakinan agama kang dilakoni dening Karaton Ngayogyakarta (apadene Karaton Surakarta) kang ditujokake marang Kangjeng Ratu Kidul. Kanthi laku ritual kang asipat lelandhesan keyakinan agama kang biyasane mapan ing Parangkusuma iku, sacara mistis Karaton bisa mujudake imbang lan tentreme donya. Yektine, tumrap Karaton Ngayogyakarta (lan Karaton Surakarta) ora bakal bisa netepi kuwajibane yen durung bisa mujudake rasa tentrem ing batin tumrap kabeh rakyat. Rasa tentrem ing batin iku bisa kawujud kanthi laku nyedhak marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Kanthi mangkono, maneka rupa laku utawa ritual kang asipat lelandhesan keyakinan agama iku wusanane minangka srana kanggo nggayuh katentreman lan keslametan praja sakrakyate. Ing telenging pikir wong Jawa, raja utawa ratu duwe jejibahan ngayomi rakyate. Karana iku, raja ing Karaton Ngayogyakarta lan Surakarta tansah ngugemi laku kang asipat nyedhak kalawan daya kekuwatan supranatural. Ing bebrayan Jawa, raja iku nyangga godhan yang tanpa wates, mligine kang gegayutan kalawan panguwasane. Sanggan godhan kang asipat tanpa wates iku uga ngandhut tanggung jawab tunggal kang amba kanggo njaga murih donya tetep tumata.

Karana iku, raja kudu pinunjul. Lan tumrap wong Jawa, raja iku dianggep dadi siji-sijine paraga kang bisa mbangun lan njaga sesambungan antarane alam kodrati (kasat mata) lan alam adikodrati (datan kasat mata). Iki kang dadi pawadan ing budaya Jawa raja utawa ratu iku dianggep duwe panguwasa kang tanpa wates lan panguwasane iku ora bisa diatur kanthi cara-cara kang kaprah ing ngalam donya iki. Rakyat dhewe uga duwe pangarep-arep raja utawa ratu bisa ngrampungi sakabehing rubeda kang tuwuh saka alam kanthi srana kekuwatan gaib kang diduweni. Upaya ngugemi mitologi Kangjeng Ratu Kidul iki pranyata ora mung dilakoni dening raja utawa sentana dalem ing Karaton. Para warga bebrayan ing tlatah Yogyakarta (lan Solo) uga duwe cara dhewe kanggo ngugemi keyakinan babagan Kangjeng Ratu Kidul iki. Mitologi Kangjeng Ratu Kidul dadi sarana kanggo tumindak lan nyawiji marang alam. Iku amarga saperangan gedhe warga bebrayan duwe keyakinan religius kang padha, magepokan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul. Laku lelandhesan keyakinan agama gegayutan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul kang dilakoni warga bebrayan racake ora padha kalawan kang dilakoni pehak Karaton. Ananging kalorone bisa lumaku bareng lan nyawiji kanggo mujudake katentreman ing donya.

Lan ing kabudayane wong Jawa (ing dhudhahan buku iki ateges tlatah Yogyakarta lan Solo-red) Karaton menjila dadi punjere kosmis kang asipat keramat. Sacara mistis dununge Karaton duwe gandheng ceneng rapet kalawan karaton-karaton asipat supranatural kang ana ing sakupenge. Karaton-karaton asipat supranatural iku kayadene Karaton Segara Kidul, Karaton Merapi, Kayangan nDlepih lan Karaton Lawu. Karaton-karaton iku mujudake lima karaton kang asipat keramat lan tansah sesambungan antarane siji lan sijine. Kalimane bisa nyawiji lan mbangun tatanan donya kang tumata. Sesambungan antarane karaton-karaton iku asipat kayadene kulawarga lan sakabat. Wangunan kapercayan bebrayan Jawa kang bisa uga ditegesi agama Jawa, sejatine luwih ngeboti babagan katentreman batin, jumbuhe ngalam kodrati lan adikodrati lan imbang antarane kabeh isining ngalam. Pawadan iki, laku-laku ritual lelandhesan keyakinan agama kang dilakoni gegayutan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul digunakake kanggo ngupadi rasa tentrem, jumbuh lan salarase kabeh isining ngalam lan imbange donya saisine.